-->

Notification

×

Aja Keseringen Mangan "Tempe", Marekna Emosian, Apa Bener Lurr?

09 Oktober 2021 | Oktober 09, 2021 WIB Last Updated 2021-10-09T02:00:36Z


Dobleh ceritane lagi ngrampungna meneliti tempe sing jarene panganan gawe sehat merga akeh kandungan protein nabatine.


Tapi mbarang dobleh meneliti, wong wong kakehen mangan tempe malah pada darah tinggi, emosian gampang kesuh.


Jebule, hasil penelitiane dobleh beda karo penelitiane wong wong, nek tempe kue gawe sehat.


Selanjute, dobleh takon karo wong tuane, terus jawabane bapake dobleh, iya pancen tempe kui gawe sehat, soale akeh kandungan protein nabatine.


"Geh,.. tak omongi ya, protein kui akeh bgt manfaate, kanggo ganti sel sel sing pada mati, kanggo kekebalan tubuh. Nek menungsa kekurangan protein marekna dadi penyakit, gangguan pertumbuhan,"jelas bapake dobleh


Dobleh jawab, lah ora percaya, hasil penelitianku ora kaya kue, inyong gawe penelitian ana sepuluh wong sing tak empani tempe ngasi sewulan dur-duran ngasi mlokeh. 


Lawuhe tempe goreng, nek ora tempe bacem, hasile dadi wong wong mau cepat bgt naik darah, emosian karo gebraki meja.


"Apa iya?" bapake dobleh bingung.


Genah iya koh, nek tes mangan mesti pada ngomonge kaya kie, tempe maning tempe maning, apa langka liane..!! karo gebraki meja. 


Terus Bapake Dobleh kur Mlongo??


Demikian sedikit intermezo, semoga bisa diambil sisi baiknya.terima kasih.

×
Berita Terbaru Update