-->

Notification

×

Ngertine Wes Dadi Beras, Jajal Bae Kon Mbawon? Kayane Klenger Luh

09 Oktober 2021 | Oktober 09, 2021 WIB Last Updated 2021-10-09T10:22:58Z


Nang desaku, nek musim panen padi mesti rebutan. Soale golet pegawean nang desa kue angel bgt, lah nek wes tiba musim panen brarti pegawean nang desa akeh pisan.


Pegawean manen padi kue, pegawean sing ora kenal jenis pendidikan, sing penting tenagane rosa ya olih akeh.


Padahal, pegawean manen padi kue udu pegawean sing gampang lan ora dikerjakan nang ruangan jagong kursi empuk sing ana pendingine.


Mbawon utawane manen padi kue, pegawean nang sawah, panasan, kotor, gatel, wes pokoke rekasa pisan lah.


Ajamaning nek pas musim udan, banyune jero, padine pada rubuh, terus nek mangguli padi dalane lunyu, mblekukk pisan maning.


Gemiyen, jamane aku tesih sekolah sering bgt melu mbawon utawane manen padi, tapi jan rekasa pisan, soale gole ngarit rebutan, lah saking buru burune pingin cepet olih akeh, malah malah jentike tangan ngasi keperang arit, waduh..!.😩😩😩



Seuwis ngarit, terus padi ditumpuk, dipangguli tuk segulung di tumpuk dadi siji, terus digebyok. Sedurunge digebyok nyiapna alat alate, kaya bagreg lan tenda.


Nek wes rampung gepyok, padi diwadahi kandi terus dipangguli maring gili nglewati galengan sing lunyu, malah kadang sampai nyebur nyebur banyune sing jerone sewudel.


Tekan gili padine ditumpakna sepeda, terus digawa maring umahe sing due padi, utawane sing diarani nyunggah.


Terus hasil padi mau ditimbang, tembe dibawoni. Maksude dibawoni kue, hasil kerja manen padi kue bayarane wujude padi udu duit.


Nek ngemuti manen padi kue rekasa bgt, tapi nek wes dadi nasi kadang madang sampai ora enthong. "dadi Nlangsa nek weruh nasi di sia sia,"


Malah jare nang kota nek madang aja di enthongna, soale nek madang di enthongna jare keton bgt wong lagi kencoten. 


Lah, wong kota ngertine wes dadi beras, jajal bae kon mbawon, kayane klenger luh..😂😂😂😂😂


Demikian, semoga dari cerpen ini bisa diambil sisi baiknya.terima kasih.

×
Berita Terbaru Update